TARGETNEWS.ID SURABAYA – Polrestabes Surabaya resmi netepno wong lanang inisial SW (61) dadi tersangka kasus dugaan kekerasan seksual nang arek wedok sing umure jik 12 tahun. Tersangka sing bendinane kerjo dadi tukang tambal ban iki langsung diamankan polisi nang kawasan Tandes, Surabaya.
Kasus iki kebongkar sakwise pihak keluargane korban lapor nang Polrestabes Surabaya pas pungkasan September wingi.
Kejadian iki dadi pepeling keras gawe masyarakat supoyo luwih waspada lan nambah pengawasan sarta perlindungan nang anak-anak teko tindakan kriminal nang lingkungan sekitar.
Kapolrestabes Surabaya, Kombes Pol Luthfi Sulistiawan, lewat Kasi Humas Polrestabes Surabaya, AKP Hadi Ismanto, negasno lek pihak kepolisian bakal bertindak tegas. Teko hasil penyidikan,
perbuatan tersangka gak bener blas secara hukum, opo maneh korbane jik nang ngisor umur lan dilindungi undang-undang. Pihak kepolisian saiki fokus nuntaskan proses hukum ben korban oleh keadilan sing samesthine. Mergo kelakuane, penyidik njerat SW nganggo pasal berlapis:
• Pasal 6 huruf a UU Nomor 12 Tahun 2022 tentang Tindak Pidana Kekerasan Seksual (TPKS) sing ancaman hukumane penjara paling suwe 4 tahun.
• Pasal 415 huruf b UU Nomor 1 Tahun 2023 tentang KUHP soal perbuatan cabul nang anak, sing ancaman hukumane penjara paling suwe 9 tahun. (TOK)










